SUMMARY OF THE RULES OF CAMELOT

In the Javanese Language

 

Text and Diagrams © 1999-2012 Michael Wortley Nolan and the World Camelot Federation

Translation courtesy of Rahma Wati

 

(Please note that what follows is the translation of a general summary of Camelot rules; it is not a translation of the World Camelot Federation Official Rules of Camelot.)

 

Camelot dimainaké antarané wong loro sing adhep-adhepan sing mlakuné gentènan ana ing papan isi 160 kothak. Saben pemain mertahanaké Kastil siji sing dibangun saka kothak loro sing manggon ning pucuking kothak. Wiwitané, saben pemain duwèni pasukan 14 iji: 4 Ksatria lan 10 Prajurit.

 

 

Panggonan wiwitan

 

Cara mlakuné pasukan iku ana patang jenis:

 

1. Laku Biasa: sak iji (Ksatria utawa Prajurit) kena pindhah menyang jurusan ngendi waé umpama ana kothak kosong ing sakcedhaké.

 

 

Laku Biasa

 

2. Ligas: sak iji (Ksatria utawa Prajurit) kena pindhah menyang jurusan ngendi waé nglangkahi siji kancané sing manggon ing sakcedhaké, énggal-énggal menyang kothak sing kosong ing sebrangé. Pasukan sing diligas ora disingkiraké. Pemain kena ngligas luwih saka siji kancané ing sakpindhahan kuwi. Pemain ora kena ngligas yèn diawiti lan dipungkasi ana ing kothak sing padha. Pemain ora naté diwajibaké ngligas.

 

                      

Ligas                                                       Sakwisé Ligas

 

3. Lumpat: sak iji (Ksatria utawa Prajurit) kena pindhah menyang jurusan ngendi waé, mlumpati musuh siji sing manggon ing sakcedhaké, énggal-énggal menyang kothak sing kosong ing sebrangé. Pasukan musuh sing dilumpati mau terus disingkiraké saka papan. Pemain kudu mlumpat yèn salah siji pasukane manggon ing cedhaké pasukan musuh sing drawasi. Sakwisé mlumpati musuh siji, lumpatan kuwi kudu diterusaké yèn pasukané pemain mau tekan kothak sing cedhak karo pasukané musuh sing drawasi. Pemain kena milih pasukan musuh endi sing arep ditangkep, lan pasukané dhéwé sing endi sing arep dinggo nangkep. Pas diwajibaké mlumpat, yèn bisa, pemain kena nangkep nganggo Serangan Ksatria. Pemain kena ngejaraké kewajiban iku mung yèn, ing lumpatan sakdurungé, dhèwèké wis mlumpataké salah siji pasukané ngliwati sak iji pasukan musuh ing sakjeroné Kastilé dhéwé. Yèn ngono kuwi kedadiané, dhèwèké kudu énggal-énggal mindhah pasukané iku metu saka Kastilé.

 

                      

Lumpat                                                Sakwisé Lumpat

 

4. Serangan Ksatria: Ksatria siji kena nggabungaké sak Ligasan dan sak Lumpatan ing siji obahan. Serangan Ksatria iku kudu manut aturan, yaiku nomer sijine Ligas lan sing kèri dhéwé Lumpat. Ksatria ora diwajibaké nglakoni Serangan Ksatria. Yèn Ligasé Ksatria mau nyedhakaké marang pasukan musuh sing bisa dilumpati, Ksatria iku kudu mlumpat, kejobo sakwisé iku, nganggo obahan sing padha nangkep musuh ing kothak liya. Sakwisé mlumpati musuh siji, lumpatan kudu diterusaké yèn Ksatriané pemain iku tekan kothak ing sakcedhaké musuh sing drawasi.

 

                           

Serangan Ksatria                                      Sakwisé Serangan Ksatria

 

Pemain ora kena mlaku biasa utawa ngligas menyang Kastilé dhewe. Pemain kena mlumpat, utawa mlumpat kaya ing Serangan Ksatria. Yèn pemain mlumpat menyang Kastilé dhéwé, yèn bisa dhèwèké kudu terus mlumpat metu saka Kastil. Pemain sing wis mlumpat menyang Kastilé dhéwé, sakwisé éntuk giliran, kudu metu saka Kastilé tanpa kecuali. Yèn mungkin, pemain kudu mlumpat metu soko Kastilé, ora mlaku biasa utawa ngligas.

 

Pasukan siji sing wis mlebu menyang Kastilé musuh ora bisa metu, nanging diidini pindah saka kothak Kastil siji menyang kothak liyané. Pemain diwatesi nganti rong Laku Kastil saksuwéné dolanan.

 

Dolanan iki bisa dimenangaké nganggo telung cara sing béda-béda:

 

1. Pemain mindhah rong iji pasukané menyang Kastilé musuh.

 

 

Putih menang yèn wis nglebokaké rong iji pasukané menyang Kastilé musuh

 

 

2. Pemain nangkepi kabèh pasukan musuhé, lan isih duwé pasukan rong iji utawa luwih.

 

 

Putih menang sakwisé nangkepi kabèh pasukan Ireng

 

3. Pemain duwé pasukan rong iji utawa luwih, lan musuhé ora bisa pindhah nganggo cara resmi.

 

 

Putih menang amarga Ireng ora duwé hak kanggo mlaku sing pas karo aturan

 

 

Dolanan iki imbang yèn loro-loroné pemain padha nyisakaké sak iji pasukan

 

 

sing diduwèni